Jumat, 17 November 2023

TATU JERU

 SIJI

Apa ora kesel sewiwimu
dadi manuk mabur mrana-mene
ora pang ora uwit, susuhmu angin
kang tumiyub nggawa bleduging mangsa katiga
mawur-mawur mbuntel separo atimu
separone isih dikekep anakmu
kang kebak pengarep-arep
tanpa bisa ngucapake
saking akehe lelakon kang seret mandeg ana gulu
guyu-guyumu seru supaya tangise ati ora keprungu
nanging telenging mata ora isa goroh
najan garing tatu kui wis nabet
nggaris sadawaning laku
kejaba yen..

(crita kang kapunggel, jalaran ati kebacut tugel)

 

LORO

Becike Kowe bali mulih, sakwuse wisuh sikilmu terus mapan turu, Kowe lan bojomu, ditengahi anakmu. Kowe lan bojomu ngenteni anakmu turu.
Kowe sakloron tumandang gawe, ngesokke rasa kang njombla-njombla kaya ombaking segara. Duwe sithik rasa kuwatir yen anakmu nglilir. Kowe lan bojomu pungkasane kesel, ananging kebak rasa marem. sinambi ngantuk nglirik praupane ankamu kang isih angler, ngrasa aman lan ayem. Kowe sakloron uga turu kepati ora krungu kluruking jago kang gugah-gugah srengenge supaya enggal-enggal madhangi atimu lan bojomu kang sawengi kalegan.
Ngerti-ngerti kowe dipapag eseme anakmu kang wus ndhisiki tangi, ngertine dheweke sadurunge merem bapak lan ibune ngancani lan nalika nglilir bapak lan ibune uga isih ana sandhinge. Ora ngerti perang apa wengi iku kang wus dumadi. Dheweke mung kelingan impine diajak bapak ibune mlaku neng taman, dikanthi kiwa tengen dening bapak ibune. Endah banget.
(crita cekak kang banget cekake kaya cupeting panggagas)


TELU
kena uga luputku kang luwih akeh
aku luput nyampirke pengarep-arepku ana pundhakmu
dudu emas lan mutiara dudu kraton kang magrong-magrong
aku mung kepingingin lungguh sajeroning atimu
aku mung ngugemi uni
nanging panejengan Kowe cidra ing janji
banjur ati endi kang ora dadi mawa
kanyata atimu isih ana kang kanggo wong liya
ora pelu digetuni
kabeh wus garing rampung ginaris
manungsa hamung nglakoni
bejane wong kang eling
tiwas tuwasing saguh
lilanana aku pamit
andum slamet, tutupen tulis iki rapet-rapet
suk yen wus wayahe
gendhuk lan thole kareben ngerti dhewe
ong ong ong...
blong blong blong...
(saiki lebokno genthong, simpenen neng senthong)
14 November wektu srengenge wus therong-therong