Assalamu’alaykum
warohjmatulloohi wabarokatuh.
Alhamdulillah wash
sholaatu wassalaamu ‘alaa rusuulillah,
syyidinaa Muhammadibni ‘abdillah, wa’alaa aalihi wash habihi waman waalah, laa
haula walaa quwwata illaa billah
Nuwun, para sesepuh
aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur, igkang
tansah hanggung hamastuti dateng
pepoyanging kautaman, ingkang dahat kinabekten, para ngalim ulama ingakang
rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning ilahi, para pangembat
pangembating praja, bapa pangarsa desa miwah para pamong ingkang satuhu
sinudarsana, para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinugata ing
pakurmatan.
Lunimtuning
pudyastuti saking gusti ingkang maha agung, saestu sampun hambabar daya
pangaribawa ingkang cumandhuk dhumateng para kawula dasih kacihna pisowan kula
sarencang kapareng kajangkung dumugi ing papan mriki kanthi widada nir ing
sambikala, ingkang punika keparenga kula atur puja puji sasanti: alhamdulillahi
robbil ‘aalamiin.
Salajengipun matur
gunging panuwun dumateng kadang panatacara ingkang sampun paring palilah wekdal
dumateng kula.
Hanamung
saderengipun tuhu linepatna ing deduka miwah tinebihna ing salwiring sesendhu
dene kula sampun kumawantun cumanthaka lumarap matur wonten ngarsa panjenengan
sedaya satemah anggempil kamardikan panjenengan anggenya nembe echa lan sekeca
wawan pangendikan. Nuwun inggih labet kula nyendikani dhawuh pangadikanipun Bapa
Drs. Paino Ingkang supados hanyulihi matur wonten ing ngarsa panjenengan
sedaya.
Mirunggan katur
panjenengan Bapa H. Paijan SH, miwah baraya agung. Ingkang sepisan kula kinen
hangaturaken sembah sungkem katur para pepundhen, pinisepuh sesepuh tuwin salam
taklim katur panjenenganipun Bapa Paijan SH, miwah baraya agung kanthi atur
assalamu’alaykum warohmatullohi wabarokatuh.
Salajengipun, bilih
kawuningana sawau enjang pun Bapa H.
Paijan SH hamasrahaken pun putra jalunipun ingkang kaparingan asma Paiman S.Pd dhumateng
kawula ingkang supados kadhaupaken kaliyan anak kawula pun drg.Paijem , saestu
kanthi pikantuk pangayomaning Gusti sinareng pangestunipun para kasepuhan
sampun kaleksanan menggah aqad suci ijab qobulipun pinanganten kekalih rikala
wau enjang watawis tabuh sanga kanthi wilujeng kalis saking rubeda.
Wondene
panjenganipun Bapa H. Paijan SH miwah ibu tumunten hangesakaken sowanipun
pinanganten sarimbit dhumateng panjenengan minggahipun para kasepuhan wonteng
ing tlatah mriki, wonten ing titi wanci punika
pisowan kawula keparenga nyowanaken penganten sarimbit, ingombyongan sawetawis
kadang kaluwarga.
Kula titipaken anak kula kekalih
ing panjenengan, nalikanipun wonten ing dalem panjenengan, borong anggen
panjenengan nggulawenthah, suka piwucal, amrih kekalih sami cekap pesangonipun
kangge mengku balewisma saprayogining kaluwarga.
Sumangga penganten sarimbit kula aturaken ing asta panjenengan kekalih, minggahipun dhumateng para sesepuh wonteng ing kukuban tlatah mriki.
Sumangga penganten sarimbit kula aturaken ing asta panjenengan kekalih, minggahipun dhumateng para sesepuh wonteng ing kukuban tlatah mriki.
Ing wasana, cupet ceweting atur, kirang
trapsila miwah subasita pisowan kula sakadang wonten pahargyan ingkang
sakalangkung edipeni punika keparenga panjenenganipun Bapa H. Paijan SH miwah
baraya agung angluberna sih samudra pangaksama.
Saparipurnaning adicara samangke keparengana
ugi kawula sarencang tumunten nyuwun pamit, madal pasilan wangsul wonten ing
rompok kawula piyambak, ing pamuji sanes wekdal kula dalasan panjengenan sedaya
tasih kaparengaken pepanggihan wonten ing suwasana ingkang sakalangkung
mirunggan hangraketaken anggenipun kekadangan saha pasedherekan.
Nuwun.
Wassalamu’alaykum warohmatulloohi wabarokatuh