Minggu, 06 Mei 2012

Berhubung besuk siang kebagian sesorah menyerahkan kedua pengantin sowan kepada keluarga pengantin putra, malam ini belajar kembali ngarikit tembung ngracik ukara, biar rada runtut ah...
Assalamu’alaykum warohjmatulloohi wabarokatuh.
Alhamdulillah wash sholaatu wassalaamu  ‘alaa rusuulillah, syyidinaa Muhammadibni ‘abdillah, wa’alaa aalihi wash habihi waman waalah, laa haula walaa quwwata illaa billah
Nuwun, para sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur, igkang tansah  hanggung hamastuti dateng pepoyanging kautaman, ingkang dahat kinabekten, para ngalim ulama ingakang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning ilahi, para pangembat pangembating praja, bapa pangarsa desa miwah para pamong ingkang satuhu sinudarsana, para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinugata ing pakurmatan.
Lunimtuning pudyastuti saking gusti ingkang maha agung, saestu sampun hambabar daya pangaribawa ingkang cumandhuk dhumateng para kawula dasih kacihna pisowan kula sarencang kapareng kajangkung dumugi ing papan mriki kanthi widada nir ing sambikala, ingkang punika keparenga kula atur puja puji sasanti: alhamdulillahi robbil ‘aalamiin.
Salajengipun matur gunging panuwun dumateng kadang panatacara ingkang sampun paring palilah wekdal dumateng kula.
Hanamung saderengipun tuhu linepatna ing deduka miwah tinebihna ing salwiring sesendhu dene kula sampun kumawantun cumanthaka lumarap matur wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah anggempil kamardikan panjenengan anggenya nembe echa lan sekeca wawan pangendikan. Nuwun inggih labet kula nyendikani dhawuh pangadikanipun Bapa Drs. Paino Ingkang supados hanyulihi matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.
Mirunggan katur panjenengan Bapa H. Paijan SH, miwah baraya agung. Ingkang sepisan kula kinen hangaturaken sembah sungkem katur para pepundhen, pinisepuh sesepuh tuwin salam taklim katur panjenenganipun Bapa Paijan SH, miwah baraya agung kanthi atur assalamu’alaykum warohmatullohi wabarokatuh.
Salajengipun, bilih kawuningana sawau enjang pun Bapa  H. Paijan SH hamasrahaken pun putra jalunipun ingkang kaparingan asma Paiman S.Pd dhumateng kawula ingkang supados kadhaupaken kaliyan anak kawula pun drg.Paijem , saestu kanthi pikantuk pangayomaning Gusti sinareng pangestunipun para kasepuhan sampun kaleksanan menggah aqad suci ijab qobulipun pinanganten kekalih rikala wau enjang watawis tabuh sanga kanthi wilujeng kalis saking rubeda.
Wondene panjenganipun Bapa H. Paijan SH miwah ibu tumunten hangesakaken sowanipun pinanganten sarimbit dhumateng panjenengan minggahipun para kasepuhan wonteng ing tlatah mriki, wonten ing titi wanci punika  pisowan kawula keparenga nyowanaken penganten sarimbit, ingombyongan sawetawis kadang kaluwarga.

Kula titipaken anak kula kekalih ing panjenengan, nalikanipun wonten ing dalem panjenengan, borong anggen panjenengan nggulawenthah, suka piwucal, amrih kekalih sami cekap pesangonipun kangge mengku balewisma saprayogining kaluwarga.
Sumangga penganten sarimbit kula aturaken ing asta panjenengan kekalih, minggahipun dhumateng para sesepuh wonteng ing kukuban tlatah mriki.
Ing wasana, cupet ceweting atur, kirang trapsila miwah subasita pisowan kula sakadang wonten pahargyan ingkang sakalangkung edipeni punika keparenga panjenenganipun Bapa H. Paijan SH miwah baraya agung angluberna sih samudra pangaksama.
Saparipurnaning adicara samangke keparengana ugi kawula sarencang tumunten nyuwun pamit, madal pasilan wangsul wonten ing rompok kawula piyambak, ing pamuji sanes wekdal kula dalasan panjengenan sedaya tasih kaparengaken pepanggihan wonten ing suwasana ingkang sakalangkung mirunggan hangraketaken anggenipun kekadangan saha pasedherekan.
Nuwun.
Wassalamu’alaykum warohmatulloohi wabarokatuh



Tidak ada komentar:

Posting Komentar